Minggu, 08 Februari 2009

M a r t o l o y o
Daning Saroni Asikin


KADINGARÈN, bengi kuwé nang latar umahé Man Sarkin ka kayong gemriyek. Akèh wong, enom tuwa, pada klèkaran nang klasa. Pada ngentèni sing nduwé umah pan crita kaya biyasané saben malem Slasa. Guru SMP kuwé wis moncèr dadi tukang mercèka, tukang mrupus nang endi baé adong ketemu wong. Gaya uluné kaya dalang baé, tapi sayangé belih duwé wayang.
''Dadi kiyé bener, rika pan nyritakna Martoloyo?'' takoné Dulrokim. Tangané nyawut bodin godog nang ngarepané Man Sarkin.
Sing ditakoni kur manggut-manggut. Gaya uluné metu maning. Saiki kaya kiyai sing wis katam pirang-pirang tumpuk kitab kuning.
''Sagurungé enyong pan takon, Man,'' Dulrokim ngomong maning, ''Bisané ka lambang Tegal kuwé moniné... apa yah, enyong daning klalèn?''
Darkum sing ana ngiringané Dulrokim, gagiyan nyuwara, ''Bantèng loréng binoncéngan. Iya belih?''
''Ya kuwé, yanu ya mau pan ngomong kaya kuwé.''
''Ah, ènté tah yakhanu, Jon,'' moniné Darkum sing kayongé belih seneng ndeleng onggrongané Dulrokim.

Tidak ada komentar: